rss
Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites

Jumat, 10 Oktober 2014

30 SOAL LATIHAN BAHASA JAWA KELAS IX

BAHASA JAWA KELAS IX

I.     Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
1.        Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
a.       Layang                                          d. selebaran
b.       wara-wara                                     e. sedhahan
c.        majalah                        
                                     
2.        Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….  
a.       Brosur                                            d. iklan
b.       Majalah                                        e. sayembara
c.        Lelayu

3.        Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a.       Brosur                                            d. iklan
b.       Majalah                                        e. sayembara
c.        Lelayu          

4.        Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a.       Brosur                                     d. iklan
b.       Majalah                                   e. sayembara
c.        Lelayu

5.        Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a.       titi mangsa                              d. purwaka basa
b.       peprenahan                              e. satata basa
c.        surasa basa

Diajari korupsi

Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!

6.        Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a.       Klithuk                                      d. Bawana
b.       Eri                                             e. Hayu
c.        Glendhoh

7.        Wos surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a.       Klithuk uripe rekasa                 d. Klithuk uripe kepenak  
b.       Glendhoh ngajari korupsi         e. Klithuk ngajari korupsi 
c.        Glendhoh uripe rekasa

8.        Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku? …
a.       sedulur                                       d. kanca lawas SMA
b.       wong tuwane isih sedulur            e. tangga desa  
c.        kanca kantor

9.        Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a.       Otobiografi                              d. Crita Sambung
b.       Cerkak                                    e. Crita Gambar
c.        Novel

10.    Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane wujude crita kang critane sinambung sinebut …
a.       Otobiografi                              d. Crita Sambung
b.       Cerkak                                    e. Crita Gambar
c.        Novel

SUMIMPEN ING POJOK ATI
                   Dening : Tatiek Kalingga 

Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
                                                                                 Ing pojok ati

Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

11.    Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku 
a.       Ati kang bungah                 d. Ati kang kelara-lara 
b.       Rasa kang mantep              e. Ati kang kelegan
c.        Ati kang serakah

12.    Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a.       Gegambaran ati kang kelara-lara                         
b.       Ngerteni kahanan kang endah
c.       Tumindak kang nalisir                                    
d.       Donga marang Gusti
c.       Ora bisa kecukupan

13.    Wos surasane paragraf kapindho yaiku 
a.       Gegambaran ati kang kelara-lara                        
b.       Ngerteni kahanan kang endah
c.       Tumindak kang nalisir                                          
d.       Donga marang Gusti
e.        Ora bisa kecukupan

14.    Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip ikiyaiku 
a.       esuk                                     d. surup
b.       awan                                    e. bengi
c.       sore

15.    Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba 
a.       analisis situasi                       d. gegladhen
b.       milih geguritan                       e. manut kang nglatih
c.       ngonceki (ndhudhah) geguritan

16.    Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…
a.       Krama                                   d. Ngoko lugu
b.       Krama alus                            e. Ngoko alus
c.        Krama andhap

17.    Mas, sampeyan benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                          d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap

18.    Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama alus                                    e. Ngoko alus
c.        Krama andhap

19.    Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol.  Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                   e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap

20.    Aku duwe niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
a.       Krama                                            d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                       e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap

21.    Dina iki penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. Basa kang digunakake yaiku …
a.       Krama                                               d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                       e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap

22.    Mangsa rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-dhewe. Basa kang digunakake yaiku …
a.       Krama                                               d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                       e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap

23.    Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku saklas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …
a.       Krama                                             d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                     e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
24.    “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... 
a.       mundhut, mundhut                            d. mundhut, tuku
b.       tumbas, tumbas                                 e. tumbas, mundhut
c.        mundhut, tumbas

25.    “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a.       dhahar, dhahar                                   d. maem, dhahar
b.       nedhi, nedhi                                        e. dhahar, maem
c.        nedhi, dhahar

26. Tempe iku, panganan tradihisional kang wus kondhang cocok banget karo ilate bangsa Indonesia. Kabukten prasasat meh saindhenging tlatah Indonesia ana bae warga kang gawe panganan saka kedhele iki. Tumrapewong Jawa, mangan sega yen lawuhe tanpa ana tempene kaya-kaya olehe mangan isih durung genep. Sakatempe bisa dadi panganan warna-warni, kayata: kering tempe, kripik tempe, tempe penyet, tempe bacem,mendhoan, brengkes tempe, lan sapanunggalane.Gagasan pokok punggelan wacan ing dhuwur yaiku ………
a.Tempe iku cocok karo ilate bangsa Indonesia 
b.Tempe iku pangan tradhisional
c.Tempe iku wis dikenal karo bangsa Indonesia
d.Macem utawa jenise tempe

27.Saka tempet bisa dadi panganan kang maneka warna bisa kasebut ana ing ngisor iki kajaba………
a.Kripik tempe 
b.Kering tempe
c.Tempe bacem
d.Tempe gembuk 

28. Minurut penelitian, tempe kang digawe saka kedhele garing gizine dhuwur. Kedhele garing minangka bahantempe ngandhut kalori 361; protein 30,2; lemak 18,1; karbohidrat 34,8; kalsium 227; fosfor 585; besi 80, lanliya-liyane. Mula sanajan tempet regane murah, nanging penting banget kanggone kasarasan. Malah ingInggris pasien kang lagi nendakake operasi diprayogakake mangan tempe supaya kasarasan lan kekuatanecepet pulih.Sing ora kalebu gagasan ukara ing dhuwur yaiku ………
a.Tempe digawe saka kedhele 
b.Kedhele garing minangka bahan
tempe kinandhut kalori,protein ,lemak, karbohidrat, kalsium,
fosfor, besi.
c.Tempe murah reganed.Jenise kedhele sing digawe tempe
yaiku kedhele markonah lan kedhele lokal

29.Kang dadi simpulane pada (paragraf) soal no. 3 yaiku ………
a.Tempe murah regane
b.Tempe digawe saka kedhele kang duweni gizi dhuwur tur
murah regane
c.Kedhele iku dibutuhake karo kesehatane awak
d.Kanthi mangan tempe bisa njaga kuwarasan   

30.“ Kesarasan iku gedhe banget paedhae tumrap manungsa, bebasane bondho kang ora kena ngukur regane.Duwea dhuwit kang akeh, mas-masan kang tanpa kena dietung. Malah montor mabur pisan, nanging yenawake lara-laraen kabeh mau ora ana tegese.Mula saka iku ayo padha njaga bab kasarasan iku. Carane werna-werna bisa kanthi memangan kang ngandhutgizi kang mupangati tumrap peranganing awak, kudu tansah resikan, aja nganti crobo, lan olah raga kangcukup………”Adhedhasar wacan ing dhuwur kasarasan bisa dijaga sarana ………
a.Mangan kang akeh tansah resikan lan ora
crobo 
b.Mangan kang ngandhut gizic.Mangan kang enak,
njaga karesikan lan ora crobod.Mangan kang ngandhut gizi,
tansah resikan lan ora crobo


0 komentar:

Posting Komentar