BASA
JAWA KELAS IX
Pemerintah Wiwit Nggrengsengake Indhustri Cilik
Pemerintah Wiwit Nggrengsengake Indhustri Cilik
Pancen bener apa sing dikandhakake sebageyan masyarakat, menawa kautamaning
pembangunan indhustri sejatine dumunung ana pengusaha swasta. Dene pemerintah
mung kari menehi panjurung sarta nyedhiyakake anggaran lan menehi penyuluhan
murih lakune usaha bisa lumaku kanthi becik lan sehat,
Indhustri cilik utawa kerajinan rakyat mujudake perangan tataran ekonomi
nasional, sing lumrahe kegiyatane sumebar ing dhaerah pelosok-pelosok padesan.
Ya merga manggone ing padesan iki, pemerintah banjur maringi bantuwan dhana,
jalaran saka indhustri cilik iki pranyata bisa nampung tenaga kerja sing akeh
saengga bisa nyuda anane pengangguran lan nyuda mlayune warga desa menyang
kutha.
Kaya kang dumadi ing desa Menganti Gresik kang akeh madege indhustri cilik
kayadene indhustri parut, rotan, lan kayu. Ing desa Menganti sing paling unggul
yaiku indhustri rotan. Krana anane indhustri rotan sing cukup maju, mulane bisa
nyiptakake lapangan kerja. Buktine saben-saben omah wis kena dimesthekake padha
duwe kegiyatan utawa penggaweyan samben ngenam rotan. Kanthi mangkono kejaba
kanggo nambah pengasilan uga mbendung wargane mlayu menyang kutha.
(Gegladhen
Basa Jawa VIII: 12)
1. Kautamaning
pembangunan indhustri iku dumunung ing pengusaha…….
a. Cilik
b. swasta
c.
gedhe
d. negara
2. Tugas
lan tanggung jawabe pemerintah marang para pengusaha swata yaiku…..
a. Nariki
pajek saka para pengusaha
b. Menehi
panjurung lan penyuluhan
c. Ngatur
anggaran kanggo prodhuksi
d. Nemtokake
reregan asile prodhuksi
3. Pemerintah
maringi bantuwan marang para pengusaha cilik ing dhaerah-dhaerah padesan kanthi
tujuwan….
a. Nambahi
gedhen pajek sing disetor
b. Supaya
para pengusaha ora protes
c. Ngundhakake
pengsilane pengusaha
d. Kanggo
nyuda anane pengangguran
4. Indhustri
cilik kang ditindakakake dening warga desa Menganti Gresik yaiku…..
a. Home
indhustri awujud barang-barang elektronik
b. Indhustri
kerajinan tas lan sepatu saka kulit
c. Home
indhustri kang awujud panganan camilan
d. Home
indhustri kang awujud rotan, parut, lan kayu
5. Home
indhustri iku bisa kanggo nyiptakake lapangan kerja, buktine….
a. Saben
wong ing omah ora ana sing nganggur
b. Wong
ing padesan akeh sing kepengin kerja
c. Akeh
pengangguran sing lunga menyang kutha
d. Barange
akeh sing diekspor menyang luwar negeri
6. Bakune
gagasan paragaraf 2 jroning wacan ing ndhuwur yaiku…..
a. Indhustri
cilik mujudake perangan tataran ekonomi nasional
b. Indhustri
cilik bisa nampung lan nyuda anane pengangguran
c. Pemerintah
wajib maringi bantuwan marang pengusaha cilik
d. Para
pengangguran padha ora gelem lunga menyang kutha
7. Ukara
ing ngisor iki mujudake tuladha ukara lamba yaiku…..
a. Tiara
ngombe jus jeruk rong gelas.
b. Bapak
mirsani tv dene simbah makan pitik.
c. Ibu
sare nalika aku teka.
d. Rita
tuku beras, mi lan endhog.
8. Bu
Sulis mundhut beras, mi, endhog lan lenga goreng. Ukara iku mujudake tuladha
ukara…
a. Ukara
tanduk tanpa
lesan
c. Ukara tanggap
b. Ukara
camboran
d. Ukara lamba
9. Ukara
ing ngisor iki mujudakae tuladha ukara camboran susun yaiku…..,
a. Tegar
kuwi pinter nanging adhine bodho.
b. Friska
kuwi ayu tur pinter.
c. Simbah
ngasta payung lan tas.
d. Bapak
rawuh nalika aku adus.
10. Bu
Rita : “ Mbak Santi,
panjenengan apa wis dhahar?”
Tina
: “……………………………………..”
a. Inggih
bu, kula sampun dhahar.
b. Inggih
bu, kula sampun nedha.
c. Inggih
bu, aku wis dhahar.
d. Inggih
bu, aku wis nedha.
11. Bapak
: “ Rin, kowe mau teka jam pira?”
Rinda
: “ ... (1)… sampun …(2)…jam wolu kalawau Pak”
Wagsulane
Rinda sing bener dijangkepi tembung……..
a. (1)
Dalem, (2)
rawuh c.
(1) aku, (2) mulih
b. (1)
Kula, (2)
dugi
d. (1) aku, (2) wangsul
12. Don,
ayo …….bakso neng warunge Bu Minten.
Ukara
kasebut diucapake kancane marang Doni. Titik-titik diiseni tembung…..
a. Tuku
b. tumbas
c. mundhut
d. nyuwun
13. Eyang
saweg ……jampi.
a. Dhahar
b.
nedha c.
ngunjuk
d. ngombe
14. Pak
Agung : “Omahmu ngendi ta Put?”
Putri
: “………………………”
a. Omah
kula
Wonorejo.
c. Dalemku Wonorejo.
b. Dalem
kula
Wonorejo.
d. Griya kula Wonorejo.
15. Eyang
tindak Jakarta…….sepur Gajayana.
Tembung
sing cocog kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur……
a. Karo
b. nitih
c. kalih
d. dititihi
16. “ Sus,apa
sing ….. Bu Guru mau?”
Yen
ukara kasebut diucapake Susi marang kancane sing bener dijangkepi nganggo
tembung……
a. Dikandhakake
c. dipundhawuhaken
b. Diomongake
d. didhawuhake
17. Ing
ngisor iki mujudake tuladha ukara kang nganggo basa ngoko alus
yaiku….
a. Panjenengan
apa wis sare?
b. Panjenengan
apa wis tilem?
c. Sampeyan
apa wis sare?
d. Sampeyan
apa wis tilem?
18. Alex
: “ Gus, kowe apa ora ndeleng karnaval?”
Agus
: “ Ora, aku lagi aras-arasen metu.”
Alex
: “ Aku pengin ndeleng, kancanana ya!”
Agus
: “ Ya wis, ayo!”
Ukara
pacelathon ing ndhuwur nggunakake basa…
a. Ngoko
lugu b. ngoko andhap c.krama
lugu
d.krama alus
19. Aku
dhek wingi lunga menyang Surabaya numpak bis.Ukara kasebut yen diowahi nganggo
basa krama alus sing bener….
a. Kula
kala wingi tindak dhateng Surabaya numpak bis.
b. Kula
kala wingi tindak dhateng Surabaya nitih bis.
c. Kula
kala wingi kesah dhateng Surabaya numpak bis.
d. Kula
kala wingi kesah dhateng Surabaya nitih bis.
20. Ukara
ing ngisor iki sing migunakake unggah –ungguh basa sing bener yaiku….
a. Panjenengan
nedha menapa?
b. Kula
ngunjuk wedang kopi.
c. Bapak
tilem wonten kamar.
d. Pak
Rais badhe tindak pundi?
21. Supaya
acara mlaku kanthi lancar, sadurunge kita kudu gawe……..
a. Adicara b.
rantaman adicara c.
pranata
cara
d. rerangken adicara
22. Basa
kang digunakake ing rerangken adicara kudu…….
a. Cekak b.
mentes c.
krama inggil d.
cekak lan mentes
23. Ing
rerangken adicara ambal warsa kawiwitan……
a. Panutup b.
purwaka c.
nyebul
lilin
d. kembul bujana
24. Dene
rerangken adicara ambal warsa dipungkasi kanthi…..
a. Purwaka b.
nyebul
lilin
c.
panutup
d . kembul bujana
25. Tresna
Kang Ora Katekan
Dening: Aprililiandha
Wengi sepi tanpa lintang
Mendhung nggantung ing awang-awang
Hawa atis nambah kangen kang tumumpang
Eman, mega ora bisa dijak caturan
Wadul ati kang lagi kelaran
Jalaran tresna kang ora ketekan
Atiku tansah tatu
Yen nyawang sliramu
Esemu pait madu
Ning ora kanggo aku
Apa
irah-irahane Geguritan ing ndhuwur…
a. Wengi
sepi tanpa
lintang
c. Esemmu pait madu
b. Atiku
tansah
tatu
d. Tresna kang ora ketekan
26. Sapa
sing ngarang Geguritan ing ndhuwur?
a. Aprililiandha
c. Lintang
b. Sliramu
d. Aku
27. Geguritan
ing ndhuwurdumadi saka…..pada lan….gatra.
a. 4,
10
c. 3,10
b. 4,
11
d. 3, 11
28. Tembung caturan ana
ing pada 2 gatra kapisan geguritan ing ndhuwur nduweni teges….
a. Papat
c. nesu
b. Omong
d. mlaku
29. Pada
katelu geguritan ing ndhuwur nggunakake purwakanthi…..
a. Guru
swara
c. basa/ lumaksita
b. Guru
sastra
d. guru lagu
30. Kinanthi
Ayo
kanca padha rukun,
Tetulungan
aja lali,
Menawa
crah bisa bubrah,
Kudu
wewatak nastiti,
Urip
tansah tumata,
Supaya
bisa mukti.
Tembang
Kinanthi ing ndhuwur kedadeyan saka…..gatra.
a. 4 b.
5
c.
6
d. 7
31. Pada
katelu tembang ing ndhuwur nduweni guru wilangan lan guru lagu….
a. 8u b.
8a
c.
9u
d. 9a
32. Tembang
Kinanthi kalebu Tembang…..
a. Campursari
c. dolanan
b. Macapat
d. daerah
33. Isine
tembang Kinanthi ing ndhuwur….
a. Ngajak
dolan b.
ngajak
mangan c.
ngajak rukun d.
ngajak crah
34.
Kangen
Dening:
Manthou’s
Pitung
sasi suwene nggonku ngenteni
Mung
sliramu wong bagus kang dadi ati
Rina
wengi mung tansah takimpi-impi
Jroning
ati kangenku setengah mati
Jenang gula ya mas ya
Mbok aja lali
Ngelingana rikala jaman semana
Sliramu janji “aku setya ngenteni
Lair batin tresnaku terusing ati”
Kangen
Wong
kangen ngene-ngene rasane
Rindhu-rindhu
wong bagus tak tunggu-tunggu
Kangen,
wong kangen iku apa-apa tambane
Rindhu-rindhu
tambane kudu ketemu
Klapa mudha enake kanggo rujakan
Leganana aku kang nandhang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Ngusadani wong kangen ndang antuk jampi
Manut
tembang ing ndhuwur, pira suwene anggone ngenteni?
a. Rina
wengi
c. 7 sasi
b. 8
sasi
d. suwe banget
35. Rina
wengi mung tansah tak impi-impi. Tembung rina wengi dasanamane….
a. Dina
lan
sasi
c. awan bengi
b. Esuk
sore
d. sasi lan taun
36. Tembung klapa
mudha ing tembang ndhuwur nduweni teges….
a. Degan
c. cengkir
b. Bluluk
d. klapa
37. Tembung mbalung
janur ing tembang ndhuwur nduweni teges….
a. Blarak
c. sada
b. Janur
d. bongkok
38. Sapa
sing ngripta lelagon ing ndhuwur?
a. Wong
bagus
c. Wong kasmaran
b. Manthou’s
d. Campursari
39. Tembang
ing ndhuwur mujudakae tuladhane tembang……
a. Macapat
c. dolanan
b. Cilik
d. campursari
40. Ide
pokok tembang ing ndhuwur yaiku…..
a. Wong
kang kangen banget amarga lagi kasmaran.
b. Wong
kang kangen amarga pengin balung janur.
c. Wong
kang kangen amarga pengin jenang gula.
d. Wong
kang kangen amarga pengin klapa mudha.
41. Tembang-tembang
ing ngisor iki sing kalebu tembang dolanan yaiku…..
a. Alun-alun
Nganjuk, Sewu Kutha.
b. Cublak-cublak
Suweng, Menthog-menthog.
c. Pucung,
Dhandhanggula.
d. Stasiun
Balapan, Anoman Obong.
42. Jago
kate te te te kukukluruk kok
Amemece
ce ce ce kukukluruk
Dibalang
watu bocah gundhul
Keok
kena telihe, jranthal pelayune
Mari
umuk mari ngece
Si
kate katon yen tukung
Cakepan
tembang ing dhuwur mujudake cakepane tembang dolanan…..
a. Pitik
Tukung b. Bocah
Gundhul
c. Jago Kate d.
Kukukluruk
43. Ukara
ing ngisor iki sing polane J-W-L-K (piranti) yaiku….
a. Tiara
nyiram kembang.
b. Pak
Umar nandur gedhang ing tegalan.
c. Putri
nulis layang nganggo polpen.
d. Pitik
ngendhog wolu.
44. Raden
Gathutkaca iku minangka satriya gagah prakosa.
Ukara
ing ndhuwur sing mujudake tembung saroja yaiku….
a. Raden
Gathutkaca
c. minangka
b. Satriya
d. gagah prakosa
45. Tembung
ing ngisor iki sing mujudake tembung entar yaiku….
a. Abang
mbranang
c. tipis lambene
b. Papa
cintraka
d. edi peni
46. Krasa
krenggosan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa……
a. ?kRskRe=[gosSn\,
b. ?k]skk}=[gosSn\,
c. ?k]sk]e=[gosSn\,
d. ?k]sk}=[gosSn\,
47. ?s]iknDimnh. Ukara
mawa aksara Jawa ing ndhuwur yen ditulis nganggo aksara latin yaiku…….
a. Srikanthi
manah.
c. Srikandhi manah.
b. Srikanthi
marah.
d. Srikandhi marah.
48. Tembung
mawa aksara Jawa ing ngisor iki sing migunakake pengkal yaiku….
a. sefY
c. k-ai
b. am\bLes\
d. k}teg\
49. Marut
klapa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa ……
a. mrutKelp
c. mrutkLLp
b. mruk\kLp
d. mrut\kLp
50. ?mzn\kWci. Yen
ditulis nganggo aksara latin yaiku…..
a. Mangan
kuweni
c. mangan kweni
b. Mangan
kwaci
d. mangan kuwaci
a. Mangan
kuweni
c. mangan kweni
Ing
babagan budi pekerti ing kene, kang dirembug mligi bab katresnan paseduluran
utawa tresna kang tumanduk marang sesamaning manungsa. Jroning bebrayan, luwih
becik manungsa siji lan sijine duwe sikep utawa rasa sumadulur, tegese kabeh
manungsa dianggep sedulure, kang tandhane padha srawung kanthi supeket,
mad-sinamadan jroning patembayatan kang rukun, gotong royong tulung tinulung,
adoh saka watak candhala sarta drengki lan srei.
Jroning
bebrayan kang linambaran paseduluran, mesthine adoh saka cecongkrahan, kang
tundhone nuwuhake bingget laraning ati, apamaneh nglarani raga awit sing siji
nganiaya marang liyane.
(Panyebar
Semangat No. 43, 5 Nopember 2011)
51. Miturut
wacan ing ndhuwur, katresnan paseduluran iku:
a.
katresnan jroning bebrayan.
b. katresnan
antarane priya lan wanita.
c. tresna
antarane bangsa siji marang bangsa liyane.
d. tresna
kang tumanduk marang sesamaning manungsa.
52.
Gagasan pokok wacan saalinea ing ndhuwur yaiku…
a.
Jroning urip manungsa kudu srawung.
b.
Katresnan iku kudu katindakake kanthi tenan.
c.
Jroning bebrayan, kudu linambaran paseduluran adoh saka cecongkrahan.
d.
Tandhane tresna iku padha srawung kanthi supeket, mad-sinamadan.
53.
Kang ngrusak rasa paseduluran iku antara liya…
a. gotong royong
c.
mad-sinamadan
b. bingget laraning
ati
d. drengki
srei
54. Resek
utawa uwuh pancen kudu dipikirake kanthi teliti, luwih-luwih carane
mbuwang, kudu dipapanake ing panggonan sing sak mesthine lan kudu primpen
banget, aja nganti mawut-mawut. Yen mbuwang resek mung saenggon-enggon mundhak
ngundang lan nyuburake uripe laler. Laler mono kewan cilik kang bisa nularake
warna-warna lelara. Supaya panggonan kanggo mbuwang resek ora dirubung laler,
kudu ditutup, lan samangsa-mangsa kudu diobong utawa dipendhem.
Becike
mbuwang resek miturut wacan ing ndhuwur yaiku:
a. Bisa
dibuwang ing sembarang panggonan pokoke aja nganti dirubung laler.
b. Kudu
dipendhem saenggon-enggon.
c. Dibuwang
ing “tempat sampah” ora usah diobong utawa dipendhem.
d. Kudu
dipapanake ing panggonan sing samesthine lan kudu primpen banget lan
samangsa-mangsa kudu diobong utawa dipendhem.
55.
Isi sing baku saka wacan sapada ing ndhuwur yaiku....
a. Laler
bisa nularake warna-warna lelara.
b. Carane
mbuwang resek kudu dipikirake kanthi teliti.
c. Carane
gawe “tempat sampah”.
d. Yen
mbuwang resek saenggon-enggon bisa nyuburake uripe laler.
56.
Wacan pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi teliti.
Aldi
: “Pak, kula dereng ngertos sinten ta Prabu Dhestarasta punika?”
Pak
Heri :
“Pabru Dhestarasta iku ramane Korawa kang jumeneng ratu ing Praja
Ngastina.”
Vera
: “Pak, kula inggih dereng ngertos, sinten ta Prabu Pandhu
Dewanata?”
Pak
Heri
: “Apa bocah-bocah ana sing nyoba mangsuli kancamu si
Vera?”
Aldi
: “Kula Pak! Pandhu punika ramanipun Pandhawa ingkang seda kala
Pandhawa taksih alit. Mila Pandhawa dipun titipaken dhateng Ngastina.
Sing
disuwunake pirsa Aldi marang Pak Heri yaiku…
a. Sapa ta Prabu Dhestarastra
iku
c. sapa ta Pandhawa lan Korawa iku
b
. ngenani wayang
purwa
d. ngenani rebutan negara Ngastina
57. Dene
sing disuwunake pirsa Vera marang Pak Heri yaiku ...
a. ngenani
Prabu
Destarastra
c. ngenani
Pandhawa lan Korawa
b. ngenani
Prabu Pandhu
Dewanata
d. ngenani Ngastina lan Ngamarta
58. Ramane
para Korawa iku….
a.
Dhestarastra b.
Duryudana
c. Pandhu
d. Sangkuni
59. Dene
ramane para Pandhawa iku….
a.
Pandhu
b. Dhestarastra c.
Duryudana
d. Bhisma
60. P0CUNG
Putra
iku, yoga tansah amituhu,
Dhawuhing
wong tuwa,
Iku
kabeh migunani,
Setya
tuhu datan ninggal subasita.
Tembang
Pocung sapada ing ndhuwur iku isine:
a.
pituture anak kanggo wong
tuwa
c. critane
guru kanggo siswa
b.
pituture wong tuwa kanggo
anak
d. pituturte
ibu kanggo bocah cilik
0 komentar:
Posting Komentar